Nemu
Cerita Nusantara Miturut Catetan Bangsa Manca
Oleh oleh
Pameran Sejarah Arung Samudera Nusantara
sawetara wektu kepungkur. Tembung Nusantara iku
mujudake tembung kang asale seka basa Kawi utawa Jawa Kuna kang akeh antuk
seserepan seka basa Sanksekerta. Ing basa Sansekerta, “nusa” tegese pulo, lan
“antara” kang tegese luar utawa njaba. Tembung “nusantara” dhewe kasebut
pisanan ing Kitab Negarakertagama kanggo gambarake wewujudan negara kang
diugemi dening Kerajaan Majapahit, kang banjur spesifik nuduhake Kepuloan
Indonesia.
Nah, kaya apa
Nusantara iki miturut catetan bangsa manca lan kawit kapan nusantara
dimangerteni dening bangsa manca? Ing Pameran Sejarah Arung Samudera Nusantara
bisa tinemu warta babagan nusantara seka bangsa manca.
Pameran iki diadani
dening Balai Pelestarian Cagar Budaya Yogyakarta (BPCB DIY). Kanti irah irahan
Penunggang Gelombang mapan ana Gedung Cendrawasih Teras Malioboro 1, Jl.
Margiluwih, Ngupasan Yogyakarta, kawit 14 Juni tumeka 21 Juni 2022. Pameran iki
minangka mangayubagya Hari Purbakala kaping 109, ngiras pantes Kampanye Jalur
Rempah Indonesia supaya antuk pengakuan dening UNESCO.
Ing tembok sisih
kiwa kapacak gambar lan sejarah Nusantara miturut kitab kitab seka Negara
Persia. Sulaiman Al Tajir Al Sirafi utawa uga kawentar kanti sebutan Sulaiaman Sang
Sudagar, taun 851 Masehi nulis pengalamane sasuwene lelana jagad. Minangka
kapten prau, dheweke mesti pana klawan pulo pulo kang diliwati utawa kang
ditekani. Ing kitab catetane yaiku kitab “Rihlah As Sirafiy” utawa Perjalanan
As Sirafi, dheweke nulis babagan lelananing jagad ing India, Cina lan pulo pulo
Zabaj (Nusantara).
Ing catetane
mratelakake menawa Zabaj, rajane kasebut Maharaja, kang nguasani pulo pulo. Ana
sawijining pulo kang dawane 800 farsakh (1 farsakh = 5,5 kilometer), kasebut
Al-Rami (Tanah Panah) kang akeh tetuwuhan kayata kayu abang, lan kayu barus.
Lemahe subur, ora ana gurun utawa reruntuhan. Para wargane anggone lelungan cukup
mlaku utawa numpak jaran. Dene pulo iki dening para sejarawan dinuga mujudake
Pulo Sumatra saiki. Maharaja asring buwang bata emas seka kraton. Bab iki
jumbuh klawan panaliten Ptolemy, geografer Yunani ing abad pertengahan Masehi
menawa ing peta geografi, pulo iki kasebut Semenanjung Emas. Malah ing epos
India Kuno, nyebut pulo Sumatra kanti sebutan Suwarnadwipa utawa Pulo Emas.
Catetan pelaut Arab,
Buzurg Ibn Shahriyar tahun 953 Masehi kanti irah irahan Ajayeb Al Hindi
(Keajaiban India), nyebutake anane invasi
wong wong seka Wakwak ing pesisir wetan Afrika. Para sejarawan nduga menawa
wong wong Wakwak iku mujudake wong Jawa seka Krajaan Medang.
Ing kitab iki uga
nulis katerangane Ja’far bin Rasyid utawa Ibnu Lakis kang nyekseni dhewe
babagan invasi iki. Ing taun 945 Masehi, ora tanggung tanggung. 1000 prau labuh
ing Tanganyika lan Mozambik, nedya ngrangsek benteng ing Qanbaloh. Senadyan ora
kasil ananging bisa dimangerteni ancas tujuane yaiku luru barang kang trep
kanggo negara Wakwak kayate gading,
bathok penyu, kulit macan, lan uga golek tenaga budak.
Katerangan ing dhuwur,
jumbuh klawan kahanan ing Tanah Jawa
nalika semana kang makmur kertaraharja, yaiku nalika ana Kerajaan Medang lan
Kahuripan jaman Airlangga. Kabukti seka anane Prasasti Waharu (931 Masehi) lan
Prasasti Garaman (1053) kang inti surasane yaiku kahanan kerajaan kang gemah
ripah lohjinawi sahengga butuhake tenaga akeh kanggo ngusung hasil bumi menyang
pelabuhan. Tenaga kang dibutuhake mesti wae kang rosa kayata wong seka Jenggi
(Zanziber), Pujut (Australia), lan Bondan (Papua). Arkeolog Naerssen nduga
menawa tenaga tenaga iku dituku minangka budak utawa ditawan nalika kalah
perang.
Catetan babagan Wakwak
pranyata uga nate ditulis dening Ibn Khordabheh, salah siji punggawa
Kekhalifahan Abbasiyah ing Kitab Al Masalik Wal Mamalik (Kitab Jalan dan
Kerajaan) taun 870 Masehi. Ing kitab iku nggambarake kahanan masyarakat lan
budaya pesisir Asia Selatan, Brahmaputra, Andaman, Malaysia lan Jawa
(Wakwak=Medang). Malah ing catetane, mratelakake menawa Tiongkok iring wetan
iku isih kalebu wewengkon Wakwak.
“Tiongkok timur adalah tanah Waqwaq yang sangat kaya akan emas sehingga
penduduknya membuat ratntai untukn anjing mereka dan kalung untuk monyek mereka
dari logam ini.”.
Ing jaman Walanda,
catetan ing kitabe Tom Pires, Suma
Oriental (1512 Masehi) nyebutake menawa wong Jawa duweni akeh kirik buru kang
unggul kanti kalung lan ali ali emas lan perak. Iki memper banget klawan kang
ana ing catetane Ibn Khodabheh. Para sejarawan serujuk menawa Waqwaq iku
mujudake tembung liya tumrape Sumatera, Jawa utawa Indonesia.
Miturut seka catetan
catetan sejarah kasebut, senadyan kanti sebutan Zabaj lan Wakwak, pranyata Nusantara
wis kawentar minangka laladan kang subur makmur kang ngasilake rempah, lan
emas. Invasi menyang Afrika kanti prau cacah 1000, uga negesake menawa
Nusantara ing jaman kawuri mujudake negara maritim kang digdaya.
%20dening%20Buzurg%20Ibn%20Shahriyar.jpg)
%20diidentifikasi%20minangka%20Pulo%20Jawa.jpg)



No comments:
Post a Comment