Wednesday, April 25, 2018

Reca Gupala Ing Komplek Candi Ijo



Wayahe udan lan panas gentenan ora bisa ditebak ing wulan Maret 2018 iki. Kadangkala wiwit esuk wis udan, kadangkala panas banjur prepet, udan. Rikala dina Senin Setu, 24 Maret, ono jejibahan kang kudu tak rampungi ing tlatah Yogyakarta iring wetan. Penere ono ing Candi Ijo, Sambirejo, Kecamatan Prambanan Kabupaten Sleman. Candi kang kasebut paling dhuwur sak kukuban Yogyakarta.

Wis dadi adat saben, yen dina Setu, kutho Yogyakarta mesti macet sak dalan dalan. Gandheng penulis asline Yogyakarta, ngerti dalan dalan sing ora macet. Liwat dalan dalan sidhatan, kampung kampung lan sawah sawah. Lakune ndeder mengetan amergo papan dununge penulis ono ing Yogyakarta iring kulon, tumuju Candi Ijo.

Tekan jalan Prambanan – Piyungan, ono papan penunjuk dalan kang nudhuhake papane Candi Ijo. Gandheng dalan dalan ing kono klebu dalan desa lan ora macet, penulis nurut arahe papan iku. Menggak menggok miturut dalan aspal cilik, banjur munggah ndedel. Sak durunge tekan Candi Ijo, penulis weruh ono papan penunjuk tumuju “arca gupala”. Penulis mandeg. Tuwuh rasa penasarane. Papan sing durung tau ditekani. Ora koyo Candi Ijo sing uwis bola bali ditekani. Penulis banjur menggok tumuju papan arca Gupala.

Arca Gupala iki mapan ono ing Dusun Sambi, Sambirejo, Prambanan, Sleman. Kurang luwih 1 kilometer sak ngisore Candi Ijo. Papane ndhelik, kurang luwih 500 meter seko dalan gede tumuju Candi Ijo. Dene papane Reca Gupala iku ndhelik, ono ing ereng ereng, kudu mlaku 300 meter seko dalan kampung.

Sakwise nitipake sepeda motor, banjur mlaku lewat dalan setapak, ngliwati pabrik pemotongan watu, mudhun nglewati kebon kan akeh wit witane. Sejatine penulis ki cilik atine. Mandeg sak wetara delok kahanan kiwa tengene. Gandeng ora adoh seko kono ono pabrik peomotngan watu kang suara mesine sora, penulis dadi luwih kendel maneh. Banjur mbacutake laku.

Ing ngarep katon daphuran pring sing ngrembuyung. Banjur katon seko kadohan watu gedhe ngadeg lan dipageri wesi. Saya cerak saya tamat menowo watu gedhe iku sing diarani Reca gupala.

Ing papan kang dipageri weesi iku, ono 7 Reca kang ukurane gedhe gedhe, nanging wis ora wutuh. 6 Reca pada lungguh, dene sing ngadeg lan paling wutuh yo ming  siji, yo Reca kang paling gedhe. Ping pindhone ukuran awake penulis. Sauntara penulis nyawang Reca siji lan sijine, namatake lan bayangke kira kira Reca iki Reca apa, kapan le gawe, sejarahe lan sapanungalane. Ananging ora ono uwong babar pisan ing papan kono kejobo penulis.

Sakwise cukup anggone namatake lan ngaso sak wetara, penulis nerusake laku tumuju Candi Ijo. Ngarep ngarep oleh keterangan babagan Reca gupala iku seko petugas. Seko Pak Bambang, salah sawijining petugas sing kasil ditemoni, babagan Reca gupala iki ceritane mengkene.

Ing jaman kawuri, ing talatah kono ono Kraton Boko. Raja Boko iku kang kita mengerteni Raja ing Candi Kraton Boko, yo bapake Rara Jonggrang. Rikala semana, kedadean perang kelawan Raja Damarmoyo, seko Kerajaan Pengging, kang mapan ono ing Pengging, Boyolali, Jawa Tengah.

Kraton Pengging dipandegani putrane Prabu Damarmoyo kang aran Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso iku sekti banget. Iso ngalahake Raja Boko. Ananging Raja Boko uga ora kalah sektine. Sakloron dadi perang rame banget. Tepak sikile sekolron anggone perang iku dipercoyo dadi papan kang arana “watu tepak” kang saiki manggon ono ing sawijining papan antarane Candi Boko lan Candi Ijo.

Saka digadayane Bandung Bandawasa lan Raja Boko anggone perang, nganti kedaden kaya lindhu, lan gunung kang tugel mergo katerak peperangan. Gunung Tugel iku saiki papane sak lor e Gunung Ijo.Raja Boko ruamangsa kasoran. Sak durunge tumekaning pati, Raja Boko mlayu ono ing alas kang tumeko saiki durung dimangerteni papan dununge.

Bandung Bandawasa ngerti yen mungsuhe kasil mlayu, bangah bangah murka, rumangsa kasoran dene ora iso mateni Raja Boko. Banjur ngamuk kadya banteng ketaton.
Ing sajroning peperangan iku, playune Raja Boko dimangerteni dening pepatih lan wadya bala pinunjule, cacah 6. pepatihe Raja Boko kanga aran Gupala iki banjur mlayu ngadepi Bandung Bandawasa, kadherekake wadya balane. Patih Gupala sekti mandraguna. Apa maneh kabiyantu wadya bala 6 cacahe. Bandung Bandawasa kasoran. Banjur kabuwang ing sumur, kang saiki dimangerteni dadi Sumur Bandung, ing sisih elor Candi Ijo. Sakwise guwang Bandung Bandawasa, Patih Gupala sak wadya bala mlayu ngoyak playune Raja Boko.

Rikala Patih Gupala lan wadyabalane mlayu, Bandung Bandawasa kang kabuwang ing sumur, eling lan sambat sambat gurune. Banjur iso tangi lan duweni kekuatan kaya sak durunge. Kanti kadigdayane kang dobel saka gurune iku, deweke oncat lan mlayu ngupoyo Patih Gupala. Banjur kecandak ing ereng erenge gunun sak ngisore Candi Ijo saiki,  lan dadi pancakara. Bandung Bandawasa lan guru batine, klawan Patih Gupala lan wadyabalane. Amarga saking sekti lan kemropoking ati, Patih Gupala sak wadyabalane kasebdo dadi reco. Mula, Reca iku banjur keceluk Reca Gupala. Amerga sing dadi Reca iku yo Patih Gupala. Dene wadyabalane cacah 6 iku uga dadi reco kabeh, lan mapan ing papan kono dadi siji, neng desa sing saiki diarani Desa Sambi, Sambirejo, Prambanan, Sleman.

Koyo mengkono ceritane legenda kedadeane Reca Gupala.
Sanak kadang iso mrangguli Reco Gupala, Sumur Bandung, Watu Tepak, Gunung Tugel iku ing kiwa tengene Candi Ijo.

No comments:

Post a Comment