Gadget, Kabudayan Ing Jagad
Anyar
Wiro, 
nem neman saking desa, bara wonten kitha. Ananging sampun sawetawis
wekdal piyambake namung wonten griya, kontrang kantrung rerewang tiyang sepuh gula
wenthah sabin lan rajakaya kados lembu lan mendo. Wiro “dirumahkan” sawetawis
amargi wonten ontran ontran jagad kang dipunsebatake Pandemi Covid 19. Pabrik
panggenanipun Wiro makarya boten sagah nanggel sedaya pituna menawi sedaya
karyawan mlebet makarya, awit kedah nglereni sawetawis pakaryan, kangge ngleremi
sokur bage saget ngendheg memala. 
“Ro...!” Pak Rejo, ramane,  nimbali wanci gagat rahina saking sak ngajenge
kandhang lembu.
“Yo Pak....” Wiro medal saking pawon.
“Iki mengko mengawe neng sawahe Kang
Cokro, lor Mbabrik. Bar kui sapine diguyang yo. Bapak takngarit.” Pak Rejo
ngelus elus lembune.
“Mbok yo mengko disik to Pakne....
anake lagi sarapan kok yo....”  Mbok Rejo
ngendika saking lebet pawon.
“Yo Pak.... tak ngrampungke lehku
sarapan....” Wiro sambi mlebet pawon.
Wiro lajeng lenggah wonten dhingklik
sak ngajenge dhingkel, nutugake anggenipun dhahar lan ngrencangi Biyunge kang
nembe nanggel goreng tempe.
“Ora Ro.....anggonmu prei ki tekan
kapan?” Mbok Rejo ngawiti rembag.
Wiro kendel. Boten mangertos kedah
wangsulan kados pundi. Piyambake mangertosi raos lan penggalihe Mbok Rejo.
“Horo yen ditakoni wong tuwo rak
meneng wae....” Mbok Rejo ngudarasa sambi nyugokake kajeng wonten dhingkel.
“Ng....nganu Mbok......” Wiro radi
ajrih.
“Nganu pie to? Kae wingi Pakne Sri wis
nakoke lho....” Mbok Rejo ngolak ngalik tempe supados boten gosong. Wiro
panggah boten wangsulan.
“Lha gaweanmu saiki ki kepiye to? Kala
kala mbok tinggal neng sawah, kala kala lungguh nengkruk sedina omongan dhewe
neng ngarep letop.....” Mbok Rejo gumun.
“Ora prei kok Mbok. Kahanane lagi kaya
mengkene Mbok. Pabrik disudo kerjone, anggone rembugan adoh adohan nganggo
laptop. Jenenge “zoom meeting”, utawa “zoom webinar” Dadi senadyan ora ketemu,
ananging gawean iso tetep dilakoni. Ngono Mbok....” Wiro nyobi miterangaken.
“Yen iso ngono mbok uwis neng omah wae
nganggo jum miting opo binar binar kui mau....iso ngewangi bapakmu ngarit.” 
“Kui ming dinggo supaya pabrik tetep
mlaku Mbok. Yen bab gawean, ora cukup ming nganggo omong omongan nang laptop. Kayata
megawe, ora mungkin megawe kok neng laptop. Niat sapine mangan setrum....” Wiro
radi anyel.
“Hehehehehe......Iyo yo....” Mbok Rejo
ngentasi tempene.
“Saiki samubarang kang bisa dilakoni,
yo dilakoni disik. Kabeh kui minangka kupiya supaya panguripan teten lumaku
Mbok. Wis jamane. Teknologi, gadget,cah sekolah, kabeh wis migunakake piranti
kui. Wis dadi kabudayan ing jagad anyar pokoke....” Wiro muluk sega pungkasane.
“Yo wis, ning pokoke pitakone Pakne
Sri kui pikirno, ndang ditandangi mundhak dadi rerasane tangga.” Mbok Rejo
ngemutaken.
“Iyo Mbok.....sak cepete tak rabi karo
Sri.” Wiro nyaosi kemanteban dumateng Mbok Rejo.
“Wis to Mbokne...... mengko yen
kahanane wis pulih rak yo diterusake rembuge.” Pak Rejo mlebet regol pawon.
Wiro lega. 
“Wis ndang mangkat megawe Ro. Wis
rampung anggone sarapan to?” dhawuhe Pak Rejo.
“Iyo Pak....Mbok... tak mangkat
disik.” Wiro jumangkah tumuju kandhang, lajeng tindak wonten sabin nuntun
lembu.Ing margi, Wiro lajeng kemutan Sri, putra putrine ne Pak Guru
geganthilaning ati, sampun sawetawis anggenipun sesambetan asmara. Sampun
sarujuk kekarone bedhe enggal urip bebrayan bangun bale wisma. Ananging
kawontenan pandhemi, dadosake sedaya kedah nenggo kanti sabar. Wira ngalamun.
“Kang Wiro....!” lamunane Wira badhar
mireng suwanten tiyang setri nimbali naminipun. Wiro noleh. Sri  mesem manis. Wira gragapan. 
“Neng sawahe Pak Cokro?” pitakene Sri.
“Iyo.....mengko dikirim yo....” Wiro
wangsulane sambi mesem.
“Iyo Kang....tak bali disik ngulihake
blanjane Ibu.” Sri mbacutaken lampah. 
Dugi sabin, Wiro kami tenggengen.
Sasat sedaya saben anggenipun megawe sampun migunakaken mesin traktor.  Mila pantes kawit wau saking tebih sampun
mireng suwanen “udug....udug....udug....” saking sabin. Pancen limrah menawi
kadang tani sak menika langkung milih traktor ketimbang lembu, awit menawi ngagem
traktor menika luwih rikat lan enggal tatas pedamelanipun.
Senadyanta mekaten, sak perangan
kadang tani injih tasih wonten ingkang luwih remen migunakake lembu, kanti
tetimbanga, senadyan boten rikat, ananging sabin saget tetep resik saking
tetesing solar. Migunakake lembu, pancen luwih rendhet ananging pedamelan
anggenipun molak malik siti, langkung tapis lan langkung jero. Resik saking
rereget solar. Reregetipun namung saking lembu, kang saget nambahi suburing
siti. Ragatipun menwai dipun etang, njih undha undhi kaliyan traktor.
Nanging mbokmenawi sampun dadi
garising jaman, sedaya sampun migunakake teknologi, kang kawastani mekanisasi pertanian. Njih menika salah
setunggal ingkang dados kabudayan ing jagad anyar tumraping donya tetanen.
Boten keraos sabinipun Pak Cokro
sampun tuntas dipun megawe dening Wiro. Lembu dipun papanaken wonten panggenan
ingkang iyup, dipun pakani suket. Wira milang miling ngajeng ngajeng Sri
dugekake kiriman. Saking tebih ketingal Sri gendhong tenggok mlampah galengan
tumuju gubuge Pak Cokro. Wira lega. 
“Ayu tenan calon bojoku...” Wiro
ngalembana sak lebeting manah.
Dumadakan mireng suwantenipun sepeda
montore  Koyo sora sanget, “mbleyer
mbleyer” lan mandheg sak pinggir margi, kaleres ing sak ngajenge sabine Pak
Cokro. Koyo malangkerik lenggah jegang wonten sak inggile montor.
“Sri!!!! Ameh ngapa kowe ngirim ngirim
tukang angon wedhus kae?” Koyo bengok sora sambi nuding nuding Wira saking
katebihan. Sri enggal ngrikataken lampahe awit gila tuwi ajrih dumateng Koyo. 
Sejatosipun, Koyo menika putra Pak
Rejo, blantik sapi paling mbrewu sak dusun. Larene njih bagus, emane thukmis,
kirang ing trapsila saha boten ngajeni marang tiyang sanes mliginipun tiyang
ingkang boten gadhah. Ngagul agulaken bandha donya kagungane ramane. Mila limrah
menawi Sri suthik nampi Koyo minangka jatu kramanipun. Awit saking menika,
dadosaken Koyo ngigit igit dumateng Sri, langkung langkung dumateng Wiro kang
katedhah sampun ngrebat Sri saking piyambake.
Rumaos dipun tuding tuding lan mirsani
Sri mlajar kamigilanen, Wiro boten trimah. Wiro jumeneng, jumangkah mapag Sri
ing galengan. Mirsani pasuryane Wiro kang mbrabak abang, Sri kuwatos.
“Kang....uwis to Kang....ora usah
diladeni Kang Koyo kae. Eling lho Kang awake dhewe wis kari nunggu wektu
kahanan pulih.....”Sri ngerih rih Wiro.
“Ora Sri....bocah koyo mengkana kui
kudu diwenehi pelajaran. Yen ora, dheweke ora bakal leren anggone ganggu gawe
awake dhewe anggone bebrayan.” Wiro nglajengaken lampahe.
“Kang......Kang......!”  Pangundange Sri boten dipun mirengaken Wiro.
Sri enggal mlampah tumuju gubug sambi dhungkluk atetawang tangis. Lingsem,
kuwatos, ngeman sedaya nggubet rasaning manah. Namung saget nyawang jejaka
kalih badhe pancakara.
Pambengokipun Koyo kala wau pranyata
dadosake kawigaten para kadang tani. Menapa malih sakmenika Wiro sampun
jumangkah nyeraki Koyo. Sedaya ngelereni anggenipin megawe lan mirsani menapa
ingkang badhe kedaden.
Sawetara ing wonten sak celakipun sami
ngelingake kekarone, supados Koyo utawi Wiro, meper kamurkan lan  boten nuruti hawa nepsu.
“Ngapa kowe tukang angon wedhus? Wis
ampuh po pie yen wis oleh Sri ki?” Koyo cumanthaka.
“Uwis to Kang Koyo. Sri wis milih. Ora
bakal bisa mbok peksa....” Wiro mbudi daya tetep sareh senadyan ngampet.
“Ora usah nuturi aku! Bocah angon wae!
Anggitmu wis gagah ngono po?” ngendikane Koyo kaliyan mbucal caping ingkang
wonten mustakane Wiro. 
“Cukup Kang!!!!” Wiro muntab geget
untu. Astane ngepel nanging tasih dipun ampet.
“Hahahaha...mbok ngrumangsani
dhapuranmu kui sapa.....” Koyo sansaya ndadra, nuding nuding pasuryanipun Wiro.
Tangan kacandhak cek.....angganipun Wiro mungkur lajeng geret astane Koyo. Sak
kal Koyo njempalik lan kaceblok ing lendhut, tuwi Wiro amargi saking rosane
anggenipun mbanting. Kekarone lajeng pancakara uleng ulengan ing lendhutan.
Nyawang kahanan mekaten, Sri naming saget tetangisan lan bengok bengok nyuwun
tulung.
Para kadang tani gage enggal meper
kekarone, setunggal nyepeng Wiro lan sanesipun nyepeng Koyo, supados nglerebi
anggenipun pancakara. Kekarone gluprat lendhut ngantor kados munyuk, dadosaken
mergi  macet kathak tiyang ingkang
mirsani. Dumadakan tiyang tiyang sami bubar kados laron medal saking lengipun.
Piyayi kalih jumedul wonten sak bubare tiyang. Pak Rejo lan Pak Dukuh.
“Koyo.....wis ping pira anggonku
nuturi kowe he!!!! Ngisin isinke waris! Kepiye wae Wiro ki  rak yo pernah adhimu to? Mbok yo diewang
ewangi kareben lancar sak kabehane.....Ora malah gawe rubeda!.” Pak Rejo
ingkang sampun apal watak wantune putrane, ical kesabaranipun.
“Inggih Rama......”Koyo dungkluk,
linsem. Kadya Baladewa ical gapite.
“Wis ayo mentas! Ndang mulih reresik!”
Pak Rejo menawi duka, boten wonten tiyang ingkang wantun nyaruwe. Pak Dukuh
manggut manggut. Koyo lajeng mentas, nitih montore wangsul.
“Ro...wis rampun to le megawe?” Pitakone
Pak Rejo. 
“Sampun Pakdhe....”Wira tumungkul
ajrih didukani.
“Kae Si Sri dijak mulih. Mau ana tamu
seko pabrikmu kesasar neng omahku. Jare minggu ngarep kowe wis kon mlebu
maneh.” ngnedikane Pak Rejo. Wiro sumringah, mesem marem.
“Oh...saestu Padkhe?” Wiro nanjihaken.
“Welha bocah......kapan Pakdhemu iki
tau apus apus?” Ngendikane Pak Rejo.
“Injih Dhe.... injih.... manturnuwun
Dhe....” Wiro mak semparet mlajar murugi Sri wonten gubug, ngantos kesupen
boten raup napa reresik. Awakipun tasih gluprat lendhut. 
“Sriiiii.....rabi Sriii.......sido
rabiiii........” Wiro mlajar mlajar mapag Sri.
“Pie Kang?” Sri mesem sumringah, ical
anggenipun muwun. 
“Minggu ngarep wis kon mlebu kerjo
maneh...” Wiro gumyak gumyak.bingah.
“Alhamdulillah....... wis ayo maem sik
Kang..... tak gawake sego srundeng tempe bacem.
Tiyang kekalih dhahar wonten gubug
kanti mongkog lan rena penggalih. Senadyan Sri bibar nangis, Wiro tasih gluprat
lendhut, ananging donya katon endah, padhang semebyak. Kados rasa sih katresnan
ing antarane Sri lan Wiro kang boten lokak ananging sansaya kebak.
TAMAT
No comments:
Post a Comment