Pathok Triangulasi Gunung Polo Pantes Dadi Situs Budaya
Tanah Jawa kuwi unik. Saweneh penemu
negndharake menawa Tanah Jawa kuwi punjere donya. Pulo kang kebak gunung kawit
seka iring paling kulon tumeka iring wetan. Seka gunung siji lan sijine,
kasambung dening pegunungan kayata Pegunungan Menorah, Pegunungan Kidul, lan
uga pegunungan cilik kayata ing wewengkong Sedayu, Bantul. Ing saben pucuking
pegunungan kuwi akeh tinemu pathok utawa tugu.
Kita
temtu wis nate mrangguli jinis pathok iki ing sawah utawa ana ing gunung,
ananging kita kadangkala ora mangerteni apa sak tenane pathok iki tegese. Kaya
ing pucuk Gunung Polo kang mapan
ana Dusun Gunung Polo,
Argorejo, Sedayu, Bantul. Ing papan iki tinemu pathok utawa tugu cilik kang dhuwure kurang luwih 50 centimeter. Patok iki ana tulisane Q 77.
“Tugu
Tanggulasi niku Mas,” ngendikane Pak Tugiran, Kepala Padukuhan Gunung Polo.
Dilacak
ing peta Belanda tahun 1930, pancen papan iku katon mawa kode Q 77.
Temuan iki iku banjur narik kawigatene
Surya Hardjono,
peneliti peneliti tugu triangulasi kang wis
jajah desa sak Pulo Jawa. Surya
Hardjono kang miwiti panaliten kawit tahun 2020 kanti patokan peta jaman Belanda tahun 1920an.
“Ing
Pulau Jawa, kurang luwih ana 4000an patok....”ujare. Pathok pathok iku duweni kode
utawa lambang miturut keakuratan pengukurane. Kawiwitan seko kode “P” ateges
“primer” kang nuduhake tingkat ketepatan ukuran paling dhuwur. banjur sak
ngisore P yaiku “S” ateges “secunder”, banjur “T” yaiku tersier, lan “Q” yaiku
“quarter” kang tingkat keakuratane paling cendhek. Patok patok iki akeh akehe
tinemu ono ing pegunungan utawa dataran tinggi.
Sejarahe,
kala semana jaman pemerintahan Hindia Belanda, pada golek papan paling dhuwur
kanggo netepake arah mata angin lan titik koordinat dietung migunakake hukum
Sinus. Titik triangulasi iku ditengeri nganggo pathok kang awujud tugu,
diwenehi kode miturut keakuratan lan nomer urute. Tugu kuwi
kasebut tugu triangulasi
magepokan klawan metode kang digunakake.
Tugu iki pancen dirasa misterius awit ming wong wong tertemtu kang bisa
mangerteni, mligine kang magepokan ing bidang ukur tanah lan pemetaan. Peta-peta kang kita kenal saiki,
wiwitane digawe migunakake formasi tugu triangulasi iki.
Dene
pathok kang tinemu ing Gunung Polo iki, klebu pathok kang digawe ing mangsa kawiwitan pisanan
kegiatan, kurang luwih ing tahun 1861 tumeka 1866. Awit angka 77 iku nuduhake angka 1 digit kang ateges digawe ing mangsa
awal kegiatan pemathokan.
Patok ing Gunung Polo rasa rasane beda dhewe klawan patok triangulasi liyane.
Patok iki senadyan ming cilik, ananging wis dipageri mawa watu giring kang
ditata mubeng.
“Watu watu niki njih pun wonten
kawit jaman Londo.” Ujare Mas Sarimin, pawongan kang duweni lemah seka
simbahe Mbah Parto Sentono. Patok iki nalika taun Sariin isih bocah, asring
ditiliki dening tentara Indonesia. Ananging ngancik taun 1990an, wis ora ana
pawongan utawa tentara kang nyaruwe. Bejane, papan iki tetep dijaga lan
dipepetri dening Sarimin, nguri nguri tinggalane simbah.
“Pesene simbah mboten angsal diowah owah.”
Bangsa
Indonesia sejatine uga wis duweni peta, ananging cara lan gambarane beda klawan
peta Belanda. Peta Ciela salah siji buktine. Peta ciela iku peta kuno kang
dinuga digawe ing abad 16 Masehi. Disebut Peta Ciela awit peta iki tinemu lan
isih disimpen ing Desa Ciela, Kecamatan Bayongbong, Kabupaten Garut, Jawa
Barat.
Saweneh
warta kuno kayata ing Sejarah Yuan rikala Dinasti Ming, uga nuduhake menawa
menawa Kubilai Khan nate gawa peta sawijining negara komplit sak daftar
penduduke sakwise nyerang Kerajaan Singosari. Uga ana kabar seka Fransisco de
Varthema nalika nyebrang laut seko Boreno (Kalimantan) tumuju Jawa, bareng
klawan mualim asli Nusantara kang gawa peta mawa garis garis arah mata angin.
Malah,
paseksene pelaut Postugis kang kawentar yaiku Alfonso d`Albuquerqu, dheweke
nate mrangguli sawijining surat lan peta kanti katerangan mawa basa Jawa kang
ilang, kerem bareng sak prahune ing Selat Malaka tahun 1511.
Seka
fakta fakta ing dhuwur iku, pranyata bangsa kita wis wasis, ora kalah klawan
bangsa asing. Emane, peta peta kuno asli bangsa kita iku kala semana digawe
dening pawongan pribadi utawa karana perintahe kerajaan. Kerajaan siji lan
sijine iku anggone gawe peta ora mesti padha, miturut kepinteran lan tujuane.
Mula, ora ana pathokan kang bisa dicekeli.
Gegayutan
klawan pathok triangulasi iki isih akeh tinemu ing wilayah Kabupaten Bantul mligine ana ing pegunungan. Dene kang
ana sak pinggir dalan utawa perkampungan, wis padha ilang kependhem, utawa
rusak merga perkembangan jaman.
Tugu triangulasi Gunung Polo iki
potensial didadekake situs budaya. Karana apa? Sepisan, tugu iki umure wis kliwat 50 tahun, duweni manfaat tumrap ilmu
pengetahuan lan kebudayaan.
No comments:
Post a Comment