Festival Dalang Anak Kabupaten Sleman 2021
Jaga Lestarining Seni Pedhalangan
Seni pagelaran wayang mujudake seni kang wis ana kawit jaman makuna kuna. Pagelaran wayang ora ming mligi babagan seni pagelaran, nanging uga ngandut makna kang jero kayata minangka ritual, tetenger lan donga pamuji kang kebak pitutur luhur.
Seni pagelaran wayang jaman kuno, nate kasebut ing Prasasti Balitung (Prasasti Mantyasih) tahun 907 Masehi. Prasasti iki salah siji surasane nyebutake menawa ing upacara penetapan lemah perdikan (tanah sima) Mantyasih diadani pesta rakyat mawa pagelaran wayang, kanti lakon Bima Kumara. Surasa kang tinulis yaiku “Si Galigi Mawayang Buat Hyang Macarita Bimma Ya Kumara”. Tetembungan iku kurang luwih mawa teges “Galigi nganakake pagelaran wayang kanti lakon Bima Anom.”
Seni pagelaran adiluhung iki akeh pandhemen wiwit seka trah agung panguasa, tumekaning kawula ing desa desa. Malah akeh pawongan kang menehi jeneng putrane nganggo jeneng tokoh wayang kayata Abimanyu, Wisanggeni, Bima, Kresna, Arimbi, Banowati, Kunti lan sak panunggalane. Uga akeh papan kang dipercaya dadi papan petilasan tokoh wayang kayata Tepak Bima ing Bimomartani Ngemplak. Malah Pemerintah Negara Republik Indonesia uga menehi jeneng Tetuko (Gatotkaca) kanggo montor mabur produksi dalam negeri, lan kapal selam kanti jeneng Alugoro (gada gamane Prabu Baladewa). Katresnan marang seni pewayangan mawa cerita Ramayan lan Mahabarata bisa rumasuk ing saben sanubari ing sak kabehing kawula.
Gancaring wektu, kanti tekad gembleng Pemerintah ngupayakake supaya wayang tetep dadi warisan budaya darbeke Indonesia. Wusanane, wayang kasil dinobatake dadi Warisan Budaya Kategori Tak Benda darbeke Indonesia dening PBB lumantar UNESCO tanggal 7 November 2003. Kategori tak benda iki minangka bukti menawa wayang iku ora ming wujude kang diakui donya Internasional, nanging uga cerita, nilai budaya, filosofi, lan pesan moral kang rumasuk dadi siji. Tumekane saiki, tanggal 7 November ditetepake minangka Hari Wayang Sedunia.
Wolak walining jaman, teknologi tambah maju, maneka warna kesenian manca kadya ombak nggulung kabudayan asli Nusantara, ndadkekake seni pewayangan rada mutawatiri. Kanggo ngregengake lan kelestarian ing babagan seni pewayangan, Dinas Kebudayaan Kabupaten Sleman ngadani Festival Dalang Anak Tingkat Kabupaten Sleman 2021, tanggal 24 lan 25 Mei 2021, mapan ana ing Gedung Kesenian Kabupaten Sleman. Pagelaran festival dhalang kang dibuka secara resmi dening Kepala Dinas Kebudayaan Kabupaten Sleman. HY. Aji Wulantara, SH, M.Hum. iki duweni pangajab supaya ana regenerasi dhalang Sleman kang ing tembe burine duweni potensi bakal neruskae para dhalang senior. Festival iki uga tansah diampingi dening Pepadi (Persatuan Dalang Indonesia) Kabupaten Sleman, lan dewan juri kang ahli ing bidange yaiku Ki Sudarminto, Ki Teguh Suyanto S. Sn, lan Ki Drs. Anang Prawoto.
Tumrape para seniman lan seniwati ing donya seni pagelaran pewayangan, Festival ini minangka kawah candradimuka mligine kanggo para peserta, pendamping lan pembimbing dhalang anak. Awit sak rampunge festival, juara kang kepilih bakal nerusake lomba dadi wakile Kabupaten Sleman ing tingkat Provinsi DIY, kanti pangajab sak banjure bisa nerusake maju lomba tumekane tingkat Nasional.
Dinas Kebudayaan Kabupaten Sleman wis kaping 5 iki ngadani festival dhalang anak, kawiwitan seka tahun 1917 tumeka tahun 2021. Saben tahun, para peserta, pendamping lan pembinging tansah antusias. Para peserta, uga banjur sumebar ora mligi seko keluarga kanti latar belakang dhalang, nanging uga seko latar belakang umum. Peserta ing tahun 2021 iki ana 17 cacahe, jumbuh kalawan jumlah kapanewon ing Kabupaten Sleman.
Senin, 24 Mei 2021, suwasana gumyak, suwara keplakan kendhang, cempala, keprak, gendhing ganjur, lan waranggana ngebaki Gedung Kesenian Kabupaten Sleman, dadekake pawongan kang krungu seko jabaning gedung, banur pada pengin mlebu nyekseni pagelaran. Ananging mergo isih ana ing suwasana pandemi Covid-19, festival iki tertutup lan ora bisa disekseni dening umum. Naming para peserta lan pendukung kayata pendamping lan pembimbing kang diidinake, kanti protokol kesehatan kang ketat yaiku cek suhu tubuh, mbasuh tangan mawa sabun utawa handsanitizer, jaga jarak, lan tansah nganggo masker. Dene pawongan umum kang pengin mirsani bisa liwat kanal Youtube Dinas Kebudayaan Kabupaten Sleman.
Cerita cerita wayang siji mbaka siji kababar lumantar para dalang cilik. Cerita kang kebak pitutur luhur ing pagelaran iki racak racake mawa tema cinta budaya lan tanah air, kayata Kikis Tunggorono, Jarasandha, Jabang Tetuko, Laire Gatotkaca, Pandawa Kumpul, Sang Sumantri, Bedhahing Bungkus, Sugriwa Subali, Maesasura lan Lembusora, Sang Gatotkaca, Aji Brajamusti, Alengka Karang Abang, lan Wahyu Makutho Romo, kanti wektu 20 menit tumekane 25 menit saben lakon.
Dinas Kebudayaan Kabupaten Sleman katon gembleng anggone nyengkuyung festival iki. Geber loro kapacak jejer, para wiyaga seragam, perangkat gamelan komplet, sound system jemleger gandem marem, dadekake sawangan kang endah mawa perbawa seni pewayangan kang kenthel, jumbuh kalawan krentege masyarakat seni Sleman.
Pungkasane acara, dewan juri netepake Abimanyu Agfi Dewandara kang mbabar lakon “Sang Sumantri” dadi Juara Penyaji Terbaik Pertama kanti nilai 1.090. Dene Penyaji Terbaik Kedua yaiku Bernardus Handaru Gantari kang mbabar lakon “Bedhahing Bungkus” kanti nilai 1.080. Penyaji Terbaik Ketiga yaiku Aditya Sandi Sadewa mbabar lakon “Pendawa Kumpul” kanti nilai 1.073.
Juara Harapan Pertama yaiku Ahza Faishal kang mbabar lakon “Sugriwa Subali” kanti nilai 1.032, Juara Harapan Kedua dening Prabancana Danendra Habib Gufran mbabar lakon “Anoman Obong” kanti nilai 1.028, lan Juara Harapan Ketiga yaiku Rafael Arron Javera P mbabar lakon “Sugriwa Subali” kanti nilai 1.012. Kategori Sabetan, dimenangake dening Abimanyu Agfidewandara, lan kategori Ontowecana dimenangake dening Bernardus Handaru Gantari.
Penutupan festival dalang anak tanggal 25 Mei 2021, diadani pementasan wayang golek dening Davin Mahatma kanti lakon “Iman Santosa takon bapa. Dene ing dina penutupan festival, 27 Mei 2021, sambi nunggu dewan juri netepake pemenang, sak durunge penyerahan piala dening Kepala Dinas Kabudyaan Kabupaten Sleman, diadani pagelaran wayang golek dening dalang cilik Panggah Nawa Wibatsu seko Kalasan, mbabar cerita sejarah seko Jazirah Arab kanti lakon “Bedhahe Mesir”.
Ki Arno Gito, minangka wong tua lan uga dalang pembimbing Panggah Nawa Wibatsu, mratelakake menawa ing tanah Jawa ana manekawarna wayang, contone wayang kulit lan wayang golek. Bedane, wayang kulit tansah mbabar lakon cerita Ramayana utawa Mahabarata, dene wayang golek, mbabar cerita kanti latar belakang penyebaran Agama Islam ing Jazirah Arab. Kekarone padha ngajarake pitutu luhur, sopan santun lan laku subasito mring wong tua lan sepada pada.
Ing kalodhangan iki uga Ki Sudarminto minangka ketua dewan juri, duweni pengajab supaya ing festival tahun candhake, para peserta bisa tampil komplet ora ming nganthi pendamping lan pembimbing, nanging uga sak para wiyaga lan warangganane, supaya luwih akeh maneh para seniman seniwati seka kapanewon kang terlibat, lan luwih ana keselarasan antaraning lakon kang dibabar klawan gendhing kang ditabuh dening para wiyaga.
Pungkasane , para paraga, seniman seniwati kang melu nyengkuyung festival, duweni pangajab supaya festival dhalang anak tetep diadani saben tahun, supaya seni pewayangan, seni pedalangan, tansah lestari minangka wahana kanggo nyaring budaya manca, neguhake jatidiri bangsa, piwulang moral lan tansah tresna marang budaya bangsa. Salam Budaya, Lestari Budayaku.
No comments:
Post a Comment