Sastrawan Masuk
Sekolah ing SDN Ngijon 1
Tanggap warsa, rata-rata dileksanani kanti pesta, dhahar enak kembul bujana. Gumyak-gumyak suka pari suka. Ananging bab iki ora kedaden ing kene. Komunitas Paguyuban Sastra Budaya Jawa (Pasbuja) Kawi Merapi, duweni krenteg kang beda. Kanggo mapag tanggap warsa kang kaping 7, salah siji komunitas sastra budaya Jawa iki malah ngadani bakti sosial.
Gegandhengan klawan Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Sleman, ngeregake wadya bala para sastrawan kanggo bluskan ing sekolah dasar lan sekolah menengah pertama. Ora kurang seka 25 sekolahan kang dadi tujuane, kabeh ana ing wewengkon Kabupaten Sleman. Bakti social iki diwenehi tetenger Sastrawan Masuk Sekolah, Mengukir Imajinasi, Merangkai Kata. Bakti social iki diadani karana ndeleng kasunyatan menawa literasi basa Jawa mligine ing satuan pendidikan dasar, perlu dikembangake.
Karana saking akehe sekolahan lan kudu rampung wulan November 2025, mula anggota Pasbuja kapantha-pantha dadi 3 wilayah, yaiku wilayah Sleman Wetan, Sleman Tengah lan Sleman Kulon. Saben wilayah dipandhegani dening korlap, utawa koordinator wilayah.
“Sleman Kulo kawiwitan seka SD N Ngijon 1. Sawetara taun iki, 1 kecamatan 1 sekolahan” Ujare Akhyadi, koordinator wilayah kulon nalika ngawiti program ing SDN Ngijon 1.
Ing kalodhangan iki para siswa kelas 4, 5 lan 6, diwulang babagan kepiye carane nulis cerita cekak lan geguritan. Bahan ajar utawa materine, dijunbuhake klawan karep lan kesenengane para siswa, ateges apa kang dialami dening para siswa saben dinane. Kayata bal-balan, ajar numpak pit, latihan tari lan sapanunggalane. Para siswa milih dhewe-dhewe temane, dene para relawan sastra kang padha ngajari.
Pranyata, senadyan isih padha isin lan mamang, para siswa wis padha duwe gambaran apa kang bakal ditulis. Ananging rata-rata isih durung ngerti kepiye anggone miwiti. Penulis kang melu ambyur ing kegiatan iki mrangguli dhewe akeh kang kaya mengkana. Jebule, kanti dipancing sithik wae, para siswa banjur bisa nerusake ukara. Pancen kadhangkala padha takon “apa basa jawane”, bab iki lumrah.
Paling gampang anggone mancing para siswa bisa ngerti apa kang nedya ditulis, mawa metode 5W1H. Kanyata metode iki efektif banget. Contone, nedya nulis bal-balan. Para siswa cukup ditakoni dina apa anggone bal-balan, neng lapangan ngendi lan sapanunggalane. alon-alon, mbaka siji, para siswa bisa ngrampungkae tugas nulise.
Kepala Sekolah SDN Ngijon 1, Daris Sucipto nalika buka program iki, ngandharake mongkog lan mareme, sekolahe kepilih dadi papan bakti social iki. Program iki uga bisa dadi kawah candradimuka kanggo anak didike, ing babagan kasusastran Jawa.
“Pendidikan ora ming mligi ing babagan akademik, ananging uga pembentukan karakter, sopan santun, lan ngregani kaendahan basa lan ajaran-ajaran kang luhur” ngendikane.
Ing kalodhangan iki uga, pranyata ora ming babagan cerkak lan geguritan kang dadi kawigaten. Tembang, salah siji jinis kasusastran Jawa kang bisa diarani ameh musna, uga diwulangake. Senadyan ming prasaja, ananging cukup lan bisa nggugah krentege bocah, mligine tembang dolanan anak.
Tembang, dipandhegani dening Pak Suhindriyo. Piyayai pancen wis kawentar mujudake piyayi kang wasis lan baut ing babagan kasusastran Jawa, mligine tembang. Anggone mulang, ora tanggung-tanggung. Ora kok nganggo tembang yasane uwong liya, ananging migunanake tembang pangriptane dhewe. Senadyan pangriptane dhewe, ananging kabeh kuwi adhedasar tembang-tembang macapat kang kebak pitutur luhur.
Sastrawan Masuk Sekolah, kaya-kaya bisa dadi tuladha marang sak sapa wae kang duweni niat lan krenteg kanggo mbangun literasi Jawa kawit seka tataran pendidikan dasar. Muga tansah lestari lan sumbangsihe bisa migunani tumrap kasusastran Jawa.
Dwi Ony Raharjo





















































.jpeg)
No comments:
Post a Comment