Friday, November 7, 2025

SASTRAWAN MASUK SEKOLAH SDN DEMAK IJO 1 GAMPING SLEMAN oleh Dwi Ony Raharjo

 

Baturaja

Sastrawan  Masuk Sekolah ing SDN Demakijo 1 Gamping Sleman

Esuk kuwi ing SDN Demakijo 1, suwasana katon beda. Sekolahan kang ana sapinggir dalan Godean iki katon regeng. Bocah-bocah ana kang padha dolanan ing plataran nganggo klambi sragam olah raga. Sawangan kaya mengkana kuwi kayane lumarh ana ing sekolahan. Ananging ana kang katon beda.

Ing kelas siring kulon, katon rong kelas didadekake siji, yaiku kelas 5 A lan 5 B. udakara 56 murid, dadi siji ana ruangan kuwi. Meja-meja dijejer sangarep kelas, ditutupi nganggo taplak bathik. Pranyata sekolah iki dadi salah siji papan bakti social dening Pasbuja Kawi Merapi, kanti programme Sastrawan Masuk Sekolah.

Akhyadi, minangka perwakilan seka Paguyuban Sastra Budaya Jawa Kawi Merapi disingkat Pasbuja Kawi Merapi, ndandharake menawa program iki diadani kanggo mapag tanggap warsa Pasbuja kang kaping pitu. Dene ancas tujuane yaiku nggugah minat lan bakate bocah kanggo nulis cerita cekak lan gurit mawa basa Jawa. Akhyadi teka ora ming dhewe, ananging uga ana relawan pendamping liyane kang biyantu, yaku Ibu Titian lan Dwi Ony Raharjo.

“Dadi ing kene ora ming diajari mawa teori, ananging uga praktek, sambi didampingi para relawan Pasbuja.” Ature.

Kepala  Sekolah SDN Demakijo 1, seneng lan mongkog sekolahe dadi salah siji pilihan seka 25 sekolahan sekabupaten Sleman kang ditunjuk.

“Iki kesempatan kang langka. Mula kudu digunakake kanti besik.” Ngendikane. Program iki uga bisa dadi tambahan bahan ajar ekstra kurikuler kang nedya digarap, yaiku program BATURAJA. Apa to BATURAJA kuwi? BATURAJA mujudake singkatan seka Baca Tulis Aksara Jawa. Miturut keterangane, menawa ing sekolah dhasar wis oleh program iki, mengko ing sekolah lanjutan, luwih gampang anggone migunakake. Karana dhasar-dhasare uwis ana.

Dene para murid sekolahan iki kanyata wisp pinter-pinter. Ana kang uwis asring nulis, gawe cerita, lan uga padha seneng maca cerita. Maneka warna kang ditulis. Ana kang nulis babagan mangkat sekolah, bal-balan, plesiran lan sapanunggalane.

Ing sela-selane murid padha nulis cerita, Ibu Titian uga paring wewarah babagan nulis cerkak lan gurit. Kepiye carane nulis, apa kang nedya ditulis lan sapanunggalane. murid-murid katon saya semangat. 

Dwi Ony Raharjo minangka relawan pendamping, riwa-riwi ngladeni pitakone murid-murid. Rata-rata pitakone ming butuh kosa kata Jawa. Ana sawetara basa Indonesia kang durung ngerti kanti pas apa basa jawane.  Iki wis cukup apik karana ing babagan konstruksi utawa kerangkan tulise wis padha pener. Pancen ora kabeh, ananging miturut ukurane bocah kelas 5 SD, wis cukup apik.

Wusanane kabeh murid bisa ngrampungake tugase. Sawetara karya tulis malah diwacakake ana sangarep kelas, dadekake kang rumangsa nulis dadi mongkog. Iki bisa dadi inspirasi lan semangat kanggo kanca-kanca liyane.

Ing pungkasan acar, Akhyadi menehi kenang-kenangan wujud buku lan majalah basa Jawa kanggo nambahi koleksi perpustakaan. Dene Kepala Sekolah, ing akhir acara duweni pangajeb supaya ptogram SMS bisa dileksanani maneh ing sekolahan iki.

Dwi Ony Raharjo



































































No comments:

Post a Comment