Monday, November 10, 2025

SASTRAWAN MASUK SEKOLAH SDN DELEGAN 3 POLANGAN PRAMBANAN SLEMAN oleh Dwi Ony Raharjo

Sastrawan  Masuk Sekolah ing SDN Delegan 3 Prambanan Sleman

Kayadene sekolah-sekolah ing desa, sekolahan iki kayane luwih nyenengake. Papane ana sakidul desa, madhep ngetan. Ngarepe sawah jembar, lan gugusan Pegunungan Prambanan ing mburine. Tumuju sekolah iki sadalan-dalan ketemu klawan para among tani. Ana kang lagi garap sawah, ngusung rabuk, lan cakrukan samba wedangan ing pinggir sawah.\

Sekolah iki jenenge SDN Delegan 3. Mapan ana Desa Polangan, Prambanan, Sleman. Esuk kuwi suwasana sekolahan katon beda, ana kang grengseng regeng-regeng.  Ing ruangan sisih kulon, katon eong kelas didadekake siji. Kepala Sekolah Bu Indah Susilowati, jumeneng ana ngarep, maringi sesorah.

“Sastrawan masuk sekolah…”ngendikane. Murid-murid kayane padha penasaran. Bu Indah banjur njlentreahek apa maknane. Bener. Sastrawan Masuk Sekolah utawa SMS, mujudake program bakti social komunitas sastra budaya Jawa Pasbuja Kawi Merapi. Program iki gegandhengan klawan Dinas Pendidikan Kabupaten Sleman. Program dileksanani ana ing 18 sekolahan, salah sijine SDN Delegan 3 iki. Ancas tujuan program iki yaiku supaya bisa nuwuhake minat lan bakat literasi mligine literasi Jawa lawit seka pendidikan dasar.

Perwakilan Pasbuja, yaiku Bu Erlina Yuliastuti, Bu Lucia Indarwati lan Pak Kusnadi kang ngayahi jejibahan  ing kene. Ing kalodhangan iki,   piyambake nedya paring wewarah babagan nulis cerkak lan geguritan migunakake basa Jawa.

Para murid padha pating plenggong, ananging seka sunar mripate, katon rasa penasarane. Kaya-kaya wis kebak ing pikirane, pengin enggal nulis. Ananging kepiye anggone ngawiti, kuwi kang dadekake dadi ming padha pating plenggong, thingak-thinguk kaya golek dalan.

Kahanan iki kawaka dening Bu Erlina lan Bu Lucia. Sakloron banjur menehi  wewarah kang cetha lan gamblang. Diawiti seka  bab kang nedya ditulis, ora perlu adoh-adoh. Cukup apa kang dilakoni ing saben dinane. Bisa hoby, dolanan, utawa ming cukup cerita seka tangi turu tekan sekolahan. Kanti kaya mengkana murid-murid banjur kebuka wawasane.

Mula, seka sakabehing murid kang udakara 50an iki banjur padha sengkut gawe cerita miturut pengalamane dhewe-dhewe. Ana kang nulis geguritan lan uga cerkak. Pranyata, sejatine murid-murid cukup kreatif. Senadyan kang digawe conto babagan mangkat sekolah, kanyata uga akeh murid kang nulis ceritane dhewe, kayata bal-balan, volley, malah ana uga kang nulis kucingku.

Ing wektu sela-selaning nulis Bu Lucia macakake salah siji karya tulise sawetara murid, kanggo conto lan menehi inspirasi kanggo kang durung rampung. Kayanta cara kaya mengkana bisa gawe murid liyane luwih kendel lan mongkog marang karyane dhewe.

Pungkasane acara, ditutup dening Bu Indah Sulilowati, kanti pangajab karya tulise murid-murid bisa diterbitake awujud buku. Karana buku, bisa dadi salah siji dokumen tertulis minangka pengeling-pengeling dening para penulise. Malah anane buku iki uga bisa dadi bukti prestasi SDN Delegan 3 ing babagan literasi Jawa.

Wusanane, Bu Erliana lan Bu Lucia minangka perwakilan Pasbuja, ngaturake cindera mata awujud buku lan majalah basa jawa Belik, kanggo nambahi koleksi perpustakaan sekolah.

 

 

Dwi Ony Raharjo





















































 

No comments:

Post a Comment