Thursday, November 6, 2025

SASTRAWAN MASUK SEKOLAH SDN KERTIREJO KALASAN SLEMAN oleh Dwi Ony Raharjo

Sastrawan  Masuk Sekolah ing SDN Kertirejo Kalasan Sleman

Sekolahane cekli.  Kulon prapatan lor dalan madhep ngidul, madhep ing sawah kang nedya tuwuh subur parine. Sawetara bocah-bocah padha dolanan bal ing plataran. Dene ing  bangunan sisih kulon, katon murid-murid kelas 4 lan lima padha lungguh rapi. Tangane sedheku, mirengake bu guru. Sawangane katon wigati banget.

Katon Bu Yani minangka kepala sekolah, menehi sesorah lan pituduh marang murid-muride. Kanyata ing dina kuwi ana program Sastrawan Masuk Sekolah utawa SMS dening Pasbuja Kawi Merapi. Dene sastrawan kang rawuh yaiku Ibu Erlina, Ibu Lucia lan Ibu Annisa. Minangka potografer lan dokumentasi, yaiku Dwi Ony Raharjo.

Program SMS iki mujudake program Pasbuja Kawi Merapi, gegandhengan klawan Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Kabupaten Sleman. Bakti sosial iki diadani karana ndeleng kasunyatan menawa literasi basa Jawa mligine ing satuan pendidikan dasar, perlu dikembangake. Literasi Jawa ing kene, sawetara mligi ing babagan nulis cerita cekak, geguritan lan tembang,

Ing kalodhangan iki, SMS nedya mulang babagan kepiye carane nulis cerita cekak lan geguritan mawa basa Jawa. Pranyata, murid-murid SDN Kertirejo uga seneng maca cerita. Cerita kang diwaca senengane babagan kewan-kewan.  Sawetara murid malah uga pengin bisa nulis cerita, saora-orane cerita babagan kesenengane utawa pengalamane dhewe kang unik. Ananging kabeh padha bingung kepiye carane anggone ngawiti. Bab iki jumbuh klawan tujuane SMS.

Kanti prigel, Bu Erliana lan Bu Lucia gage menehi pituduh kang cetha lan gambling. Malah uga menehi conto-contone. Kang paling gampang lan dilakoni saben dina, yaiku mangkat sekolah. Murid murid dikongkon nyeritakake apa wae kang dilakoni seka tangi turu nganti tekan sekolahan. Cerita kuwi ditulis kanti basa Jawa saisa-isane.

Murid-murid isih katon padha pating plenggong. Ananging menawa diceraki lan ditakoni, sejatine wis padha duwe gambaran dhewe-dhewe. Ming kari kepiye anggone miwiti, lan milih tembung. Kanti sabar lan sareh, kekarone padha nuntun alon-alon murid-murid anggone nulis. Kanyata mawa dipancing sithik-sithik, murid-murid bisa nerusake.

Watara 1 jam, murid murid bisa ngrampungake tugase. Dhasare bocah, werna-werna wujud tulisane. Ana kang angel diwaca, ananging uga ana kang tulisane rapi, runtut lan bisa diwaca. Malah alur ceritane uga becik. Karya tulis banjur dikumpulake. Ana kang nulis bab kegiatan anggone mangkat sekolah, pengalamane bal-balan, lan

Ing pungkasan acara, Bu Yani ngaturake maturnwun marang Bu Erli lan Bu Lucia. Kanti pangajab muga-muga kegiatan iki bisa nambah wawasan murid-murid, lan nuwuhake semangat nulis. Tulisan bisa wujud cerkak utawa geguritan, lan karya tulis murid-muride bisa dadi karya tulis kang layak diterbitake.

Muga-muga bisa kateruskae acara iki ing dina-dina candhake.

 

Dwi Ony Raharjo

  



























































No comments:

Post a Comment