SASTRAWAN MASUK SEKOLA SDN KEBONAGUNG
“Buto buto galak, solahmu lunjak-lunjak, Sarwi
sigrak sigrak nyandhak kanca nuli tanjak. Bali ngadeg maneh, rupane ting celoneh, Iki buron remeh tak
sengguh buron kang aneh. Lha wong kowe we we.. sing mara mara. Gawemu kok ngono
hi-hi aku wedi Ayo kanca padha bali. Galo kae-galo kae. Matane plerak-plerok rok rok rok, kulite e e
e ambengkerok":
Katon bocah-bocah sekolah dasar padha tetembangan sambi
jingklak-jingklik margakake jogetan buta.
Dipandhegani dening
Pak Petrus,salah siji maestro tembang ing Sleman, bocah-bocah katon seneng lan
sumringah. Dhasare ya tembange tembang dolanan anak kang narik ati. Pak Petrus katon
wasis anggone ngrangkul lan ngemong bocah.
Tembang kang nggambarake buta raseksa kang wengis, swara
serak lan mripate mlirik. Senadyan
raseksa ananging solahe lincah, lan seneng meden-menedi bocah. Polahe kang
lincah lan aneh kuwi kang dadekake narik atine bocah-bocah. Malah kepara padha
melu jejogetan.
Esuk kuwi ing SDN
Kebonagung 1, Minggir Sleman swasanane pancen mbedani. Bocah=bocah kelas 4 lan
5 kang gunggunge bocah udakara 45 uwong padha kumpul, sinau tembang. Tembang
iki mujudake salah siji materi kang diwulangake ing sekolahan saben dina
Kemis. Bab iki jumbuh klawan program
bakti social Sastrawan Masuk Sekolah kang dileksanani dening Pasbuja Kawi
Merapi Sleman. Gegandhengan klawan Dinas Pendidikan Kabupaten Sleman, program
iki mujudake sumbangsihe para sastrawan Pasbuja, mapag anggone tanggap warsa
kang kaping 7 ing taun 2025 iki.
Kepala Sekolah SDN
Kebonagung. Ibu Karyati ing sambutane ngandharake menawa tembang pancen
mujudake materi kang diungguake ing sekolahane. Sawetara murid ana kang wis
baut lan wasis anggone nembang. Materi iki diwulangake jumbuh klawan Kemisan,
yaiku nalika dina Kemis, anak murde padha nyandhang sragam Jawa.
Kegiatan ing SDN
Kebonagung iki pranyata narik ati lan dadi kawigatene Bu Eni Farida minangka
pengawas. Ing sambutane, Piyambake mratelakake menawa kegiatan iki wigati
banget tumrap sastra budaya Jawa, mligine kanggo pendidikan dasar. Mula perlu
ditata kanti becik sokur bage bisa lumintu.
Minangka ngayahi
penjaluke pihak sekolahan kang mligi bahas tembang, Pasbuja ngrawuhake 2
maestro tembang. Saliyane Pak Petrus, uga rawuh Pak Suhindriyo. Ing kalodhangan
iki, Pak Suhindriyo gawa tembang pangriptane dhewe kanti irah-irahan Jago Kate.
Wiramane kepenak, gampang ditembangake. Cocok kanggo bocah-bocah SD.
“Jago kate sabane neng
ngisor pace, lera-lere mrana-mrene ngece-ece. Jago kate ra sembada kemakine,
jebul jireh ra pandak cilik atine. Wayah esuk jagone wis padha kluruk, sesautan
binarung ocehing manuk. Langit wetan srengnge wis anguk-anguk. Dina anyar ayo
enggal dha dipethuk.”
Tembang kuwi
nggambarake pitik jago kate, kang senengane ngece, ananging ora pandak. Ngemu pitutur
menawa tumindak kaya mengkana kuwi ora becik. Banjur uga pitutur menawa dina
anyar kuwi kudu dipethuk maknane saben dina kuwi mujudake dina anyar, kudu seneng lan semangat anyar kanggo nggayuh
cita-cita lan masa depan ing tembe mburine.
Pranyata, tembang-tembang
dolanan anak bisa nggugah semangate bocah kanggo sinau sastra jawa mligine
tembang kanti seneng. Pitutur luhur kang diwungkus tembung lan wirama lucu,
bisa katuturake tanpa rasa dituturi. Pungkasane, Bu Karyati lan Bu Eni Farida
duweni pangajab menawa program iki bisa lumintu, katerusake ing dina-dina
candhake.
Dwi Ony Raharjo

























































.jpeg)
.jpeg)


No comments:
Post a Comment