Pak Tani, Serak Jawa Lan Tikus
Oleh : Dwi Ony
Raharjo
Pawiro madeg dadi petani ing
desane sakwise tutug anggone boro ing kutha. Wayah sore, Pawiro numpak pit onta
klangenane. Senadyan pit tua, lan cat e wis padha mlicet, ananging Pawiro
tresna banget. Anggone ngrumat kayadene ngrumat awake dhewe. Oli lan gemuk
tansah sumadya minangka piranti utama kanggo ngrumat. Lakune ngleses ora ana
suara pating krengkit utawa pating kreyot. Dijaga kaya wujud asline, kaya nalika
dheweke nampani seka simbahe, salah siji prejurit ing jaman perang kamardikan,
kang kalebu ing Legiun Veteran Republik
Indonesia (LVRI), banjur nlateni anggone tetanen, mbangun desane dhewe.
Ing sore iku, anggone numpak
pit ora kaya biasane. Mbocengake anak anake, sing gedhe jenenge Paijo, lan sing
cilik Paijem. Mlaku mengidul metu seka desa tumuju sawahe kang wis cepak
dipanen. Katon padha seneng atine. Sak dalan dalan padha geguyon lan gegojegan.
Tekan ing sawijining gubug Paijo
lan Paijem mudhun, lan Pawiro nyendhekake pit e. Dheweke mlaku liwat galengan
tumuju sawahe. Paijem digendhong, lan Paijo ngetutake. Tekan sawahe, Paijo lan
Paijem banjur padha lungguh neng gubuge dhewe. Dene Pawiro mlaku ngubengi
sawahe, nyawang pari kang wis kuning, lan pisan pindho ngulatake rubuha kang ngadeg saktengahe sawah. Sakwise dirasa cukup, banjur lungguh bareng
anake ing gubug.
“Pak... tengah sawah kok ana
omah cilik kae omah apa?” pitakone Paijem sambi nudingi rubuha kang wujud omah cilik kaya pagupon ing sak dhuwure cagak
kang dhuwur kurang luwih 5 meter.
“Kae jenenge rubuha
Nduk....” wangsulane Pawiro sambi ngelus rambute Paijem.
“Rubuha ki apa Pak?” pitakone
Paijo kang lagi krungu tembung rubuha iku.
“Rubuha kui Rumah Burung
Hantu, utawa kandhang manuk guwek..” Pawiro jlentrehake.
“Bapak ngingu manuk guwek?”
Paijo tambah penasaran.
“Hahahaha.....Ora Le......
manuk guwek kui kancane Bapak.” Pawiro mangsuli sambi ngguyu.
“Manuk guwek kancane
Bapak???” Paijo tambah bingung. Pawiro saya kemekelen deleng Paijo lan Paijem
padha kethap kethip bingung. Dheweke banjur nyritakake mula bukane.
“Mengkene critane.....”
Pawiro ngawiti ndongeng.
Manuk Guwek iku uga diarani Burung Hantu. Diarani mengakana, merga manuk
iki beda klawan manuk manuk liane. Matane bunder, panganane kewan kewan cilik,
gulune iso mubeng tekan mburi, lan menawa mabur, ora ana suarane amergo wulu
wulune lembut banget. Urip lan anggone golek pangan ing wayah wengi, yen awan turu
utawa ndhelik utawa nyusuh ana ing uwit
uwitan kang dhuwur.
Rikala jaman semana ing mangsa
ketiga, Pak Tani asring tunggu banyu sawahe ing wayah wengi, karana ing mangsa
ketiga pancen rada larang banyu, mligine kanggo lep sawah. Kudu gentenan karo
sawah sawah darbe tangga teparone. Anggone tunggu banyu, mlaku mlaku mubengi sawah sambi gusah ama
tikus kang asring gawe pitunane Pak Tani. Tikus tikus sawah mujudake ama kang
rakus, sasat gelem mangan kabeh tanduran, yo pari, tela, jagung, dele lan
sapanunggalane.
Dumadakan keprungu suara mak “sraaaaaaak....” suara barang tiba ana
tengah sawah. Pak Tani nelingake kupinge goleki asale suara. Banjur krungu
suara “Cuiiit.....cuiiiit......” lirih lan arang arang, kaya suara sato kewan
ketaton. Pak Tani nekani asal suara iku. sakwise ketemu, katon manuk guwek
ngablak ngablak ana tengah tanduran pari. Pak Tani gage nyekel manuk kang katon
kelaran kui.
“Ojo Pak Tani.....aku ojo mbok pilara.....”clathune manuk guwek memelas.
Pak Tani kaget lan gumun dene manuk bisa guneman.
“Ora....ora.... aku ora bakal milara. Awakmu wis lara kebak tatu.” Ujare
Pak Tani.
Manuk guwek banjur dicekel, digawa menyang gubug, lan ditambani tatune
nganggo godhong godhongan. Seka cerak,
Pak Tani bisa namatake menawa manuk guwek iki sejatine endah ing warna lan
gagah. Wulune coklat lan putih trotol trotil, kukune landhep, sikile gedhe, cucuke lancip lan
mlungker, matane bunder mencereng.
“Sapa aranmu?” Pak Tani takon marang manuk guwek kang wis ora duwe daya.
Manuk guwek ora bisa semaur, ming bisa gedheg gedheg nganggo sisa tenagane.
“Yo wis..... karana tekamu muni mak “sraaaak....” nabrak tanduran pari, lan
papan iki ana ing Tanah Jawa, kowe tak wenehi tenger “Serak Jawa.” Ujare Pak
Tani. M
anuk guwek iki manggut manggut serujuk. Banjur sawetara dina Serak Jawa
mapan ana gubuge Pak Tani, ditambani lan mulihake otot bebayune.
Sawijining wengi, Pak Tani katon kewuhan banget anggone gusah tikus kang
ngereti tanduran parine. Serak Jawa kang wis pulih, namatake polahe Pak Tani seka dhuwur gubug. Nalika Pak Tani iwut ngoyak oyak
lan gebugi tikus, dumadakan ana wewayangan kumlebat, kanti trengginas nyekel tikus nganggo sikile,
banjur mabur bali ana sak dhuwure gubug. Pak Tani plenggongan. Gumun nganti ora
bisa omongan. Pranyata wewayangan kang nyekel tikus iku ora liya ya Serak Jawa.
Pak Tani gage menyang gubug. Sawetara kui Serak Jawa katon motheng-motheng tikus
sawah, banjur dipangan entek.
“Serak Jawa, mreneo...” Pak Tani lungguh ana gubug. Serak Jawa mabur nyeraki
Pak Tani.
“Aku gumun olehmu ngoyak tikus rikat trengginas, banjur mbok pangan
entek. Ana apa sak tenane? Lan kepiye larah larahe kok kowe bisa tiba ing
sawahku,” pitakone Pak Tani.
“Ngertiyo Pak Tani...... Tikus tikus iku wis gawe sengsarane awakku”
Wangsulae Serak Jawa.
“Wis makaping kaping tikus tikus iku ngrusuhi papan panggonanku. Pangananku
dicolongi.” Serak Jawa unjal ambegan.
“Terus?” pitakone Pak Tani.
“Rajane Tikus tak cekel, aku jaluk tanggung jawabe. Dheweke saguh bakal
nuturi tikus tikus supaya ora ganggu gawe liyan.”
“Banjur”? Pak Tani penasaran.
“Isih dibaleni. Malah susuhku dirusak, diawut awut. Rajane tak cekel
maneh, tak pilara. Janji ora bakal baleni.” Serak Jawa wiwit nesu.
“Leren?” pitakone Pak Tani.
“Pranyata panggah ora leren. Tikus tikus iku cidra. Susuhku diawut awut,
nganti tiba sak endhog endhog e lan anak anakku ilang kabeh.... Raja Tikus tak
cekel lan tak obrak abrik omahe. Jebul pangan seka susuhku ana neng kana. Wiwit
dina kui, kabeh tikus menawa kecekel, tak pilara, lan dadi panganku......”
Serak Jawa mungkasi critane.
“Lha anggonmu tekan kene awakm tatu kena ngapa?”
“Awaku tatu mergo aku dioyak uwong bebedag, panahe ngenani awakku.
Ndilalah aku weruh kowe mubeng sawah gusahi tikus. Mula aku nedya melu beburu
mbales gethingku klawan tikus tikus kui” ujare Serak Jawa.
“Yen kaya mengakana, ateges kowe lan aku duweni mungsuh kang padha, yaiku
tikus!” Ujare Pak Tani. Kita bisa ewang ewangan to?” Pak Tani sumringah.
“Bisa... gumantung anggonmuu ngopeni aku.” Serak Jawa katon sarujuk.
“Kepiye carane?”pitakone Pak Tani.
“Wiwit dina iki aku ora gawe susuh. Cukupe rong uwit uwitan, waton bisa ngeyup
yen udan.” Wangsulane Serak Jawa. Pak Tani duwe penemu kepiye carane supaya
Serak Jawa mapan ana sawahe.
“Menawa tak gawekake omah omahan ing tengah sawah, kepiya?” pitakone Pak
Tani.
“Ora dadi ngapa. Sing penting eyup, lan adoh manungsa. Ora usah mikir panganku, aku bisa golek pangan dhewe,
mligine tikus tikus sawah. Menawa ana pawongan kang bebedag, aku bakal lunga. Menawa
kabeh mau bisa mbok cukupi, aku sak kanca mesti bakal teka dhewe dhewe ing omah
gaweanmu, lan bakal biyantu nggusah ama tikus ing sawahmu. Iki uga wujud rasa maturnuwunku lan bales budiku
amarga awakku mbok tulungi seka pepati” Ujare Serak Jawa.
“Yo aku serujuk. Sesuk tak gawekake omah kanggo awakmu sak kanca.” Pak
Tani lan Serak Jawa serujuk tulung tinulung mbrantas ama tikus.
“Nah....kaya mengkana
ceritane mula bukane Bapak kekancan klawan manuk guwek aran Serak Jawa. Dheweke
buru tikus minangka pangane, yen tikus sawah entek, parine Bapak lemu lemu,
panene apik, hasile akeh. Bisa mundut buku lan tas sekolah” Pawira mungkasi
dongenge.
“Eh,,, Pak....kae manuke
mabur seka rubuha!!!” Paijo bengak bengok nudingi Serak Jawa kang mabur seka
rubuha.
“Nah, tunggu sedhela, manuke mengko bali
nyangking tikus....” ujare Pawiro. Temenan. Ora sawetara suwe, Serak Jawa bali kanti
nyapit tikus ana sikile.
“Nah, seka dongeng mau, kita
kudu tulung rinulung lan bisa kekancan klawan sapa wae, ya alam lan kewan, supaya
lestari lan migunani kanggo awake dhewe. Wis surup, ayo bali mulih, wis
ditunggu Ibu....” pangajake Pawiro.
“Ayo Pak.....” Paijo lan
Paijem semaur bebarengan.
(2022)

No comments:
Post a Comment