Jlegong, Desa Para Sekti Kang Wis Padha Lali
Para pamirsa mesti ora padha mangerteni desa iki. Desa iki saiki ming awujud dusun cilik klebu ing wewengkon Kelurahan Salamrejo, Sentolo, Kulon Progo. Ananging sejatine desa iki mujudake desa tuwa kang nyimpen wewadine para sekti kang kondhang kaloka, dalah tekan Keraton Ngayogyakarta.
Kacarutakake dening Mbah Muji, piyayi Gamping kang lair ing taun 1952. Mbah Muji nalika jaka larane, makarya lan urip ing Salamrejo, minangka buruh pabrik nganti sawetara taun. Piyayine kang gapyak semanak lan gampang srawung, dadekake dheweke ditresnani kanca-kancane. Malah, sawise bubar makarya, dheweke asring diampiri kanca-kancane lan dijak dolan ora ketang ming melu rondha, utawa melu jagongan neng gone pawongan kang duwe gawe. Bab iki kang njalari dheweke bisa srawung klawan uwong akeh, lan ngerti cerita-cerita bab desa sakiwa tengene Salamrejo, klebu Desa Jlegong.
Miturut Mbah Muji kang dicritani dening Pak Sugi (alm) minangka kepala dusun rikala semana, Desa Jlegong pancen mujudake desane para gegedhug, benggol, kang duweni kasekten lan daya linuwih. Dadi para gegdhug kuwi ora ming adol katosan utawa adol omong, ananging pancen kanti lambaran ilmu kasekten, salah sijine yaiku kasekten kang bisa jalari uwong bisa malih rupa dadi macan gembong.
Kabar menawa Jlegong kuwi ana uwong kang sekti bisa malih macan, pranyata dirungu dening Keraton Ngayogyakarta. Salah siji pawongan ana kang lapuran ana Keraton. Dening Keraton lapuran kuwi ditampa kanti becik. Karana gumun lan sajak ora percaya, Keraton utusan marang salah siji prejurite kanggo mbuktekake.
Dening pawongan kang lapuran kuwi diwenehi pituduh, yaiku menawa teka ing Desa Jlegong, prayogane nyandhang peganggone kang mompyor, mawa gelang kalung seka emas kang dikatonake. Bab kuwi kanggo mancing karana para gegedhug lan benggol kuwi mesthi milik lan kepengin ndarbeni, kepiye carane. Menawa wis teka medhayoh, lan sing duwe omah pamit mlebu nedya gawe utawa nyawisake suguhan, prejurit utusan mau kudu enggal mencolot munggah ana blandar.
Karana omah-omah ing desa kuwi migunakake bangunan kang jenenge sunduk kili, yaiku blandare dobel lan cendhek, dadi gampang menawa munggah mudhun, cukup mencolot. Seka dhuwur blandar mengko bisa mbuktekake bener lan orane macan malihan kuwi.
Temenan. Sawijining dina, prejurit utusan seka keraton kuwi memba-memba dadi juragan kang niti preksa kahanan desa saperlu golek dagangan asil tetanene warga desa. Dheweke banjur nekani salah siji warga kang miturut pituduhe laupurane ing keraton, bisa malih macan. Sawise lungguh sapejagong, sing duwe omah pamitan mlebu nedya gawe wedang. Sawise sing duwe omah mlebu lan ilang seka pandulu, prejurit utusan kuwi enggal mencolot, munggah lan lungguh ana blandar.
Ora watara suwe, seka lawang jero mau katon macan gembong, loreng-loreng, mlaku glendhah-glendheh. Ndahebo kaget lan gila prejurit mau. Ananging kuwi kabeh diampet. Kepiye wae dheweke kepengin tetep slamet. Dheweke eling menawa dheweke teka ing papan kana karana diutus dening rajane supaya mbuketekake cerita kuiw bener apa ming ngayawara. Panyata bener. Dene macan gembong mau karana metu ora ana uwong wang-wing, banjur mlebu maneh. Sawise macan gembong mlebu, prejurit mau manjur mencolot mudhun, mlayu sipat kuping golek slamet. Banjur sowan marang Keraton lan nyekseni menawa cerita kuwi bener.
Magepokan klawan uwong Jlegong kang bisa malih macan kuwi uga dinuga tekan ing Desa Bodeh, Ambarketawang Gamping Sleman. Kala semana kacarita ing Bodeh dumadakan ana macan kang saba. Konangan uwong desa banjur dioyak-oyak. Kecekel banjur dipateni. Ujare kandha. Nalika kuwi ana uwong kang nyalawadi mlebu kebon, uwong kuwi banjur ilang lan dumadakan ana macan metu seka kebon. Dening uwong kang ngonangi kuwi, klambine uwong kang malih macan kuwi dicolong lan diunpetake. Mula nalika macan dioyak-oyak lan bali ing kebon ora nemu klambine, macan kuwi ora bisa malih dadi uwong maneh, banjur nemahi patine.
Bab Desa Jlegong kang akeh uwong sakti bisa malih macan kuwi, pranyata jumbuh klawan asil panalitene sejarahwan Walanda yaiku Peter Carey. Ing bukune kanti irah-irahan Kuasa Ramalan, dheweke nyathet menawa “penduduk Jelegong (Sentolo) umumnya menjadi penjinak macan untuk kepentingan rampogan di istana Mataram”
Deleng cerita tutur Mbah Muji lan asil panalitene Peter Carey, kayane cerita tutur kuwi ora ming wujud cerita dongeng, ananging kasunyatan ing jaman semana, Kayane perlu dilestarekake senadyan ming kari cerita tutur, saora-orane dadi pengeling-eling menawa Jlegong mujudake desa kang kondhang kaloka nganti tekan Keraton Ngayogyakarta, minangka siji-sijine desa para gladhak tuwa buru utawa penjinak macan.

No comments:
Post a Comment