Thursday, June 28, 2018

Wot Galeh, Kemempengen

Saking mempeng2e sesirih, jam 10an wengi teko kono bareng konco. Sepi, peteng. Ora koyo biasane. Sing teko yo ming aku karo koncoku thok.
Sak wise reresik ing sumur, banjur neng masjid. Theng jam 12, mlebu komplek makam. Juru kunci ming ono siji, kui wae banjur bali.


Sakjroning makan, luwih sepi. Aku ro koncoku gumun. Sakwise dungo ing ngarep makame, cah loro banjur lorot mudhun, golek panggonan sing peteng, nanging iso nyawang kijing Eyang kanti cetho, banjur lungguh lendetan kijing.
Lingsir wengi, kok yo ora ono wong teko babarblas. Aku sak konco banjur etung2 dino. Gandrik!!!! Jebulane lagi mlm kamis. Ora bakalan teko uwong maneh. Jian ming wong loro thil, lingsir wengi tengah kuburan peteng ndhedhet. Ndilalah rokok ming kari 2 batang. Siji siji. Hawane saya atis, kabute mudhun (rumangsaku).
Rokok entek, koncoku ndilalah banjur keturon.
Thingak thinguk nyawang langit lan kiwa tengen. Pedhut saya kandel. Hawa saya atis. Githoku prinding2 kuandele sak tumbu. Krasa banget.
"Ono sing teko....ono sing teko...." batinku. Tenan!!!!

Seko kijinge Eyang, lamat lamat ono wewujudan raine uwong. Tak gatekne terus, ojo2 ming prasaanku thok. Jebul tenan. Saya suwe saya cetha. Ketok banget matane, irunge, lambene. Tak tunggu2, saya cetho saya cerak. Nanging kon ora ono awake.....
Aku thingak thinguk. Ora ono uwong blas, koncoku turu. Kok yo ora ndang adzan subuh batinku. Tak pupus.
"Yo wis...ming kari aku ro kowe Mbah..." batinku. Tak kuat2ke. Aku nyawang wewujudan kui, lan wewujudan ku uga nyawang aku. Embuh sepira suwe ne.
Pedhut sing kandel, alon2 ilang. Wewujudan iku, samar2 mulai mundur ngedohi aku bali ing makame Eyang. Lan wujud mata irung dll iku ugo samar2 kabur, ilang bareng ilange kabut. Atiku lego. Sak wetara suwene....
Klothek!!! Aku krungu lawang mlebu makam dibuka seko jobo karo juru kunci. Koncoku kruget2 tangi.

"Allahu Akbar Allahu Akbar....." adzan subuh. Aku lego banget. Banjur metu ketemu juru kunci.
"Kok sepi to Mbah?" Aku takon.
"Lha mlm kemis kok yo Mas...."
"Lha kok lawange dikunci?"
"Aku mulih Mas, lali ono sampeyan neng jero".
"TREMBELANE!"
"Ameh diemplok buto je Mbaaaahhhh......"

Aku mulih karo misuh2 dewe. 


No comments:

Post a Comment